Jumat, 12 Februari 2010
Sesorah Perpisahan
Nuwun,
Bapak kepala sekolah lan bapak ibu guru
ingkang kula urmati, raka kelas 9 ingkang kula tresnani. Pudya puji pudyastuti katur dhumateng Gusti
ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah
dhumateng kula panjenengan sami.
Raka kelas sanga ingkang kula tresnani ingkang
skedhap malih badhe nilaraken bangku pawiyatan ing SMP menika. Kula
minangka wakilipun kelas pitu lan kelas wolu badhe ngaturaken panampi
atur perpisahan saking raka kelas sanga. Kula ngraosaken bingah dene
panjenengan sampun kasil medal saking SMP menika kanthi nganthongi
ijasah mring SMA.
Kula sakanca badhe ngaturaken pangapura awit
kekirangan lan kaluputan kula sakanca. Raka kelas sanga ingkang kula
tresnani, kula sakanca ugi badhe ngaturaken matur nuwun paring pitedhah
dhumateng rayi kelas pitu lan kelas wolu. Kula sakanca boten saged atur
pinwales menapa-menapa naming atur matur nuwun wonten ngarsane. Kita namung
saged mbales nggangge doa mugi-mugi sukses lan slamet.
Sejatinipun
tugas para raka kelas sanga menika luwih abot maneh, saya inggil tingkat
pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah dipunrampungaken. Mula
raka kelas sanga kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon
ongkang para raka kelas sanga cita-citaaken saged dipuncapai.
Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kiranging
atur kawula, kula nyuwun lumunturing samodra
pangaksami.
Nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar