Sabtu, 14 Januari 2012

contoh pidato cerita pengalaman ( eka suci fadilah)


Ass.wr.wb.
Nuwun, kula nuwun         
         
          Ingkang tansah kanurmatan guru pengampu Bahasa Jawa inggih punika BU. Sri Hartati lan rencang-rencang sedaya ingkang tansah kula tresnani. Ingkang tengmriki kula bade carios ngenani pengalaman pribadi kula.
           Dinten minggu kala wingi, kula Rika lan Rohman kesah nitih sepeda. Kula budal saking dalem  watara jam 06.00 enjing. Rika, Rohman uga kula  sami nitih  sepeda gunung piyambak-piyambak. Nitih sepeda inggih  saged kalebu olahraga. Malah saged uga kangge ganti senam kesegaran jasmani.
          Sekedap-sekedap aku, Rika, Rohman lan aku nyekakak ngguyu nurut dalan, amargi kula sakanca sami ndamel cerita lucu-lucu.
          Sunare srengenge sampun ngraos anget. Teng margi katah tiang sami nitih sepeda ugi wonten ingkang mlampah-mlampah ugi mlajeng-mlajeng enjing.
          Kula Rika lan Rohman terus nitih pit alon-alon.mboten kerasa jebul sampun tebih, Rika banjur ngajak leren dhisik. Karo lungguhan kula age-age ngombe. Keleresan kula mbekto toyo saking griya. Sesampune nginum, awak dadi seger. Rasa ngelak ilang sanalika. kula sakanca banjur muter pit seperlu budal  menyang omah.
          Wasono cekap semanten rumiyin carios kula. Menawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten.

 Nuwun, matur nuwun    
 Wass.wr.wb 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar