KACILAKAN MONTOR MABUR ING MAGETAN

Malah ing kedadeyan iki, luwih saka wong satus nemahi tiwas klebu warga desa sing omahe melu kenteban montor mabur kasebut. Saliyane iku, ana wong 15 kang uga melu nandhang tatu abot lan entheng. Dene omah-omah ing desa kasebut sing kenteban lan ndadekake remuk lan kobonge udakara patang omah. Ana sing ajur mumur lan ana sing payone remuk tanpa sisa. Kanthi anane kacilakan montor mabur duweke TNI AU kasebut mesthi wae ndadekake warga ing sacedhake pangkalan mau dadi padha jinja. Ing atase ora ngerti apa-apa, ngerti-ngerti ketiban sial.
Sing cetha kacilakan Hercules C-130 duweke TNI AU mau nambahi tansaya akeh dhaftar kacilakan montor mabur duweke TNI AU. Pancen akeh sing kandha yen sejatine montor mabur-montor mabur duweke negara mau akeh sing wis padha tuwa lan kudu diganti. Nanging gandheng kanthi alesan anggaran ora nyukupi, kepeksa montor mabur tuwa isih tetep digunakake kanggo ngangkut wong lan barang-barang liyane. Apa ya pancen kacilakan mau bener-bener amarga saka umure montor mabur sing wis tuwa utawa saka sebab liyane? Ditunggu wae asil saka katrangane pamarintah bab sebab-musababe kacilakan montor mabur kasebut.
teruske anggonmu padha gladhen blog
BalasHapusojo lali sinaune amarga isih akeh gegayuhan sing kudu kolakoni.
akeh-akeh anggonmu sing tirakat sholat wengi andedonga nyuwun marang Hyang Widhi kareben kasil sakabehing gegayuhan