Sabtu, 14 Januari 2012

CERITA WAYANG (EKA SUCI FADILAH)


PUNTADEWA


            Puntadewa iku putra mbarep Prabu  Pandhudewanata. Raja Negara Astina  kaliyan Dewi kunti. Puntadewa kalebu pandawa lima, yaiku Puntadewa, Werkudara, Ajuna, Nakula, Sadewa,. Dheweke titisan Bhatara Darma. Watake yaiku sabar, iklas, tekun ngibadahe, lan samsaya tumindak adil lan jujur.

            Garwa prameswarinePrabu Puntadewa iku mung siji, Dewi Drupadi, putrine Prabu Drupada, Ratu ing Negara Pancala utawa Cempala. Karo Dewi Drupadi banjur peputra sij aran Pancawala.

            Ing pakeliran pusakane kang asring dadi kembang lambe dhalang yaiku Jimat Kalimasada Pustaka Jamus. Ana uga Payung Kyai Tunggulnaga lan Tombak tumbak Kyai Karawelang, lan sangsangan robyong (tilarane Prabu Yudhistira, ratu Mertani)  kang  dayane, menawa Puntadewa nesu lan  astane nganthi nyeggol kalung  iki, sanalika sarirane salin wujud dadi brahala utawa buta kang gedhene sagunung anakan  kanthu kulit  putih kang apraceka Dewa Amral utawa Dewa Mambang. Ana ing perang Bharatayuda, Prabu Puntadewa tampil dadi senapati perang pandawa lan bisa mateni Prabu Salya, raja negara Mandaraka.

            Ing pungkasaning crita, Puntadewa munggah swarga bareng karo sedulur -sedulure. Puntadewa bareng karo asune moksa sing pungkasan. Tinimbang Pandhawa liyane, raja iki luwih resik atine. Ora kumalungkung, ora sok kuwasa, jujur, lan ngugemi agama kanthi ngati-ati.

            Ing sorga, Puntadewa ora trima amarga sedulur-sedulure padha mlebu neraka. Dheweke njaluk supaya melu mlebu neraka. Kamangka, para Kurawa malah enak-enak ana surga. Jebul kuwi mung sawetara. Pandhawa kudu nglebur dosa dhisik sawetara banjur mlebu surga. Dene Kurawa bisa ngrasaake endahing surga amarga ana sawetara kabecikan, nanging ora akeh. Sawise Kurawa ngrasakake sorga banjur dileboake ana ing neraka.     


Tidak ada komentar:

Posting Komentar